Edisi episode “bonus” kali ini ganti sing rada serius sithik, nggih. Yaiku mbabar Surat Maryam ingkang badhe dipun andharaken kaliyan Nyai Umu Latifah lan Romo Indra Agusta kanthi kalih perspektif inggih menika Islam lan Kristen. Part ingkang kapisan puniki bakal mbabar ayat setunggal dumugi ayat gangsal welas ingkang nyariosaken babagan Nabi Zakariya AS lan Nabi Yahya AS. Mugi manpangati. Rahayu.