“kanthi mbolan-mbaleni tumindak tabiat iku diteguhke lan dikuwatke” ”Ora ana sing bisa ngalangi kita ngunggahake ati kanthi semangat pandonga sing tenanan”
“wewengan sing aji banget pakaryan sing larang regane wis dipasrahake marang saben ibu” ” Njupuk wektu kanggo ndedonga Lan nalika sampeyan ndedonga pracaya yen Gusti Allah miyarsakake”
“anak-anak kudu dibentuk cocok karo gambar illahi” ” Kita kudu nggawe pakulinan kanggo nyuwun tuntunan Ilahi lumantar pandonga; kudu sinau percaya marang Panjenengane sing dadi tuking pitulungan kita”
“Wong tuwa, iya pakaryanmu ngembangke ing sakjerone awake anak-anakmu sipat kesabaran, kemanteban, lan welas asih sing sejati” “Kitab Suci ngarahake pikiran marang sing nitahake samubarang kabeh”
“Wong tuwa kudu dikebaki dening welas asihe Kristus, supaya dheweke bisa makarya kanggo keslametan jiwa-jiwa sing dipapanke ana ing sakngisore pengaruhe” “Conto pandonga sing diparingake dening Sang Kristus beda banget karo pandonga wong kafir”
“Menawa anak-anak sing ora tahu ngaturake panuwun diwenehi pangan lan sandhangan lan dijarke tanpa pameleh, mula dheweke bakal dadi luwih wani jroning panggawe alane” “Kita kudu pracaya marang Sabdaning Gusti”
“Kahanan sing nggegirisi saka anak-anak mudha dewasa iki iya iku mujudake salah siji tandha sing paling nyata menawa kita lagi urip sakjerone zaman pungkasan” “pandonga ndadekake kita cunduk marang Gusti Allah”
“Wong tuwa nyebarke winih sing bakal semi lan ngasilke woh sing becik utawa sing ala” “Roh Allah makarya karo wong sing makarya sing andhap asor, sing tetep ana ing Kristus lan ana ing tetunggalan karo Panjenengané”
“Masak dudu ilmu sing entheng lan iku iya salah siji bab sing paling penting sakjerone panguripan sing praktis” “Mangagem jubah kamanungsan Putra Alllah mandhap dhateng tataran tiyang-tiyang ingkang karsanipun badhe Dipun wilujengaken.”
“Gusti bakal nyediaake dalan lan cara awit endi sawijining owah-owahan bakal dumadi ing sakjerone bale wismane” “Waspada sing ora kendhat iku mujudake pitulungan gedhe kanggo pandonga”