”Wong wadon sing duwe prinsip, lan sing wis diwulang kanthi bener, ora bakal ninggalake kaprasajan panganan” ”Percayaa menawa Gusti iya iku jiru pitulungmu”
”Ibu-ibu sing nganggoake sandangan anakke miturut mode mbebayani kesehatan lan uripe anakke” ” Nalika kowe dadi kagungane Kristus, awakmu dudu duwekmu dhewe maneh, kowe wis dituku lan regane wis lunas dibayar”
”Pendhidhikan pisanan sing kudu ditampa saka ibu nalika isih cilik yaiku babagan kesehatan fisik” ” Saka crita Kitab Suci ngenani Gusti Yesus marasake wong lara, kita sinau kepiye kita bisa percaya marang Panjenengane jroning bab ngapura dosa”
”Pakulinan resik sing ketat kudu dilakokake” ” Nalika Sang Roh Suci nguripake kekuwatan rohani jroning pikiranmu, kowe bakal ndeleng kepiye kuwate, alane lan cilakane dosa”
”Yen saben kulawarga ngerti piguna saka karesikan sing jangkep dheweke bakal ngupayakake kanthi pratitis kanggo mbuwang sakabehe rereget” - ”Sakjerone pepeling kanggo jumaga lan ndedonga Gusti Yesus wis nuduhake siji-sijine dalan keslametan”
”Akeh jinis pakaryan sing dicocogake kanggo macem-macem jinis wong bisa ditemokake” - ”Kanthi ngaturake awak kita marang Gusti saben dina, kita bakal disanggupake kanggo ngetrapake urip anyar, urip adhedhasar iman”
”Latihan pikiran lan awak sing bener bakal ngembangake lan nguatake kabeh kekuwatan” ” Penebus donya iki, nampa saben manungsa apa anane, kanthi kabeh keringkihane lan kaluputane”
”Nglirwakake nglatih kabeh awak, utawa saperangan, bakal nyebabake kahanan sing ora sehat” ”Nalika Gusti gesang jroning diri kita, kita bakal dikebaki katresnane-E”
”Olahraga penting kanggo pencernaan, lan kanggo awak lan pikiran sing sehat” ”Kita kudu ngaturake ati kita sakabehe marang Gusti, menawa ora mula kita ora bisa diowahake dadi padha karo Panjenengane”-