“Pakulinan sing dibentuk nalika cilik bakal nemtokake apa wong bakal menang utawa kalah ing paprangan urip” ” Ora ana sing luwih mbebayani tinimbang pamblithuking dosa”
“Wong tuwa kudu setya nggatekake jiwa-jiwa sing dipasrahake marang dheweke” “Genggema Sabdaning Allah minangka bandha kawicaksanan lan katresnan tanpa wates”
“Ora bener yen wong tuwa manjakake lan manut karo kekarepane anak-anake; lan uga ora bener yen wong tuwa tumindak kasar marang anak-anake” ”Karakter swarga kudu dipikolehi ing bumi, utawa ora bakal bisa dipikolehi babar pisan”
“Piwulang sing disinaoni bocah sajrone pitung taun pisanan uripe bakal nduweni pengaruh sing luwih gedhe tumrap pembentukan karaktere” “Gusti Allah nimbali kabeh wong sing pracaya marang pangandikane supaya tangi saka turu”
“Omah kudune dadi papan sig paling nyenengke marang anak ing donya iki lan anane ibune kudune dadi daya tarik sing paling gedhe” “Kita dilambangake karo prawan-prawan sing wicaksana utawa sing bodho”
”Saben bale wisma Kristen kudune duweni pranatan; lan kudune para ibu bapa maringi tuladha jroning tetembungan, tindak tanduk lan urip siji karo sing liyane” “Kita kudu ndeleng Sang Kristus minangka tulada lan niru tumindaké sing prasaja”
“Karaharjane Masyarakat, kemajuane jemaat, kemakmurane bangsa, gumantung saka pangaribawane bale wisma” “ing tengah-tengah prahara saka pangadilan ilahi, putra-putrane Gusti Allah ora bakal wedi”