Ben Genep

Ben Genep

Download on the App Store

Ben Genep episodes

  • Encore

    11 Juli 2020

    Kode: 0013PCM01a1


    ... -lo?! halo?! ..



    ...


    ... -oordinat ..





    ...

     


    ...misi proxima centauri! ganti! hal-..



    ...






    ...




    ...-sigen, kritis! ganti! halo, induk! menunggu koman-...



    ... 


    ... iki baute pasang ngendi?!

     - ucul?! 

    - ho'o!

    - jal cek proto- ...



    ...




    ... uk, breathable?

    - aman, proses konvers-..



    ...




    ...






    ...-ra iso bali njukan

    - manteb, any last word?

    - halah. film po. wes ndang dicountdow-

    ...


    ...






    ...





    Properti milik Biro Antariksa Nasional

    16 min
  • Realitas Cinta Mbak Mbak Sadgirl

    Kowe-kowe sing do mringis licik mengendus kesempatan ana mbak-mbak nelangsa lebar dipegat yange, awaswe!

    Aku ndhisik sing weruh, mundhur kon! XD Hahahaha

    Kalem~ kalem~ Guyon lho iki, aja njuk nge-like lan komentar sing akeh ning IG Ben Genep @ben_genep sing kemungkinan bakal di-like ro kita njuk dikomentari sayang lho <3 (entah sing ngrungokke ana po ora T^T).

    Tapi, jal dilamuni, mbak e tenanan pegat ra? nelangsa tenanan ra? diantara banyak lelaki sing luwih lakik napa moro ning nggonmu? Meh nyetop bagian otak pengontrol hasrat berkembangbiakmu ben iso metani kui? Or, "screw that, itadakimasu!" ? XD. Either way, nek metu omah aja lali maskeran, wujudmu hideous!

    Tetep. @ben_genep. IG. Komentaro. Please <3

    25 min
  • Neither new nor-mal | Mail Time!

    Wis sak wetara ki, lebar wong-wong do lebur dadi awu, sing pas kui ndonya mungkin luwih milih diselametke ro tikus sing ndilalah sikile midak remot sing ana ning dashboard mobil, tinimbang uwong sing ra melu ngilang nemu mobil kui tur penasaran lan luwih ngerti tombol ki isa diapake tapi terus mindah mobil sing diparkir ning ndhuwur gedung kui tansah ngati-ati sing ya dibalut teknologi menggiurkan nan lootable tur ra ana sing nunggoni, njuk ngati-ati ndeleh tombol penentu takdir mau ning dashboard mobil kui.

    *haaaaaagh.. sori, gais,.. *hehh-eheh-eheh.. ngewehi info panjang *hehh-eheh.. nggo cara sing nyleneh *hehhhh... sak rengkuhan napas ki jebul kesel. *ngombe

    ...

    Anyway, lebare uwong-uwong do mak cling mbalik wutuh meneh tapi ndonyane wes luwih tuwo limang taun. Nek nggo mereka ngumpulke akik nenem, nek nggo dhewe vaksin. Nanging, stres e podho, grieving e yo podho (paling). Sori dilebayke, tapi tanpa menganggap remeh kenyataan sing dirasakke saiki, sakjane mungkin kahanane podho (kan?).

    New normal

    Tanpa nonton skalane, nek ra keliru, dhewe, survivalist, ngalami 'new normal' mbendina, ndakra? *kukur-kukur

    Jal, dicek episode iki, nek uwis komentar ning IG Ben Genep @ben_genep. Pretty please ;) *wink

    Selamat listening!

    20 min
  • Aman adalah aku

    Hey, guys, ireng ro putih lak kontras to wi. Jal, nek mbengi, sak wetara peteng, mati listrike pas saklar lampune isih 'on'. Mak byak, listrike urip meneh njuk matane disilauke ro padhange kamarmu in split second, ra ana foreplay sek ujug-ujug, JLENG! Uuuh..

    Goal e Ben Genep ngono lho. Dalam penatnya penderitaan hidup, kita pengin ujug-ujug melenakan indera pendengaranmu dengan mencurahkan kasih sayang. Harapane sih, meresap ning lubuk hati pendengar. Ben Genep, kita kepengin merasakan sing pendengar rasakan nek tangi gasik njuk semacam dijak guneman ki.. 


    Teler

    *sigh


    Dingapuro ya nek kita selalu dengan tanpa sadar dan malu promo ben genep sing ana ning IG @ben_genep

    31 min
  • Bebadhanz

    Bhuaa, wes badha!

    Ra krasa ya wes wayahe njaluk ngapuro dengan tulus dan sungguh-sungguh lewat kalimat ngapuro paling syahdu sing pas nggo copy-paste-brodcast. Hhaha.. Smartphone oh smartphone, kita sayang padamu! Hhaha.

    Ben Genep, diantara podcast liyane, mungkin paling absurd tur nggemesi tur mbingungi tur menyesatkan mood kalian sehari-hari, merasakaan urgensi perlu ngapuro sing paling tenanan, cah. Sugeng riyadi, sedoyo lepat nyuwun ngapunten, everibodey! (ora copy-paste iki, tenanan iki *wink)

    Dibalik nyamlengnya roker turbo (roti kering turahan badha), dan khidmadnya orkestrasi long dan mercon di kejauhan, po opor ayam lan kupat sing dikon nambah lagi-lagi-lagi-lagi.. taun iki ra se-masive taun-taun wingi le ana big boy you-know-what (sengaja ra disebutke kui apa soale wes do males njuk kita ganti wae ro kata pengganti liyane ben ora repetitif tur luwih singkat *ehem corona *ehem)... sedaya lepat nyuwun ngapunten.

    Hey, ning kan taun iki ana Ben Genep sing ngancani monotonnya urip kita semua. Huahahaha. Wes monoton diselebrasi sisan, Ben Genep to!

    Anyway, seperti biasa (please, dibiyasake *emoji memohon) komen ning IG kita ya @ben_genep, mengko bakal dapat pelukan dengan menerapkan etika physical distancing wes <3

    Keep calm and cuci tuh tangan biar gaduh sampai mengaduh! Cheers! ;D

    29 min
  • Gepeto dan Pinokio | Ndongeng!

    Spesial ki, gais. nambah varian rungon-rungon. Kita nggawe drama kecik kaya judhule. Gepeto ro Pinokio. Iki tetep Ben Genep kok, dimas diajeng, tetep wagu tur ngganggu. Hahaha. Ning ya nek iso tetep menghibur no ya ;D

    Hm? Piye-piye? Iki ana pesan morale po ora, tanya kalian? Halah, ra semang digagas, ora ana wes, ra ana *wink-wink. Kita ra wise, gais, ming ethok-ethok e wae *wink-wink

    Let us know ya ning IG @ben_genep nek episode iki kok tanggung po terlalu brilliant formate, hahha. Kita selalu berusaha kesane humble ning jane umuk. Tapi tetap sayang kalian tujuane lho ;D

    11 min
  • Dedek | Mail Time!

    Kanggo dimas diajeng sekalian, maturnuwun wes ngrungokke podcast Ben Genep. Ra gampang lho tetep setia ngrungokke ke-absurd-an Ben Genep ki, lha wong dijanjeni menghibur malah bikin gerah hati, lha ra ngewehi solusi je. Waiki, konangan mesti gek ngrungokke sak episode kan, jal nek ngrungokke episode liyane, lak dibukakke cakrawala pengetahuane, dadi tambah jelas ngono, nek Ben Genep ncen nggilani XD

    Tapi nek ana sing isih setia. S A L U T. Kalian aneh. Hhaha. Tapi manfaate jelas lho, nek ujug-ujug sakit kronis njuk mengalami penderitaan lahiriah, kalian ra bakalan bergeming, iso pamer ro tunggale, "Ini belum seberapa dibanding menyimak Ben Genep". Nghhh.... Nyamleng wis to.

    Tenang, gais, kesetiaan kalian ana balesane. Gentenan kalian sing dirungokke. Episode iki, Ben Genep meh moco komen lan pertanyaan kalian. Kita rungokke, kita wangsuli. Iki jelas ora le modus, karena kita kentekan bahan nggo ngisi podcast, lali, wektune wes mepet, males, gek m, atau mempertanyakan realitas yo. Iki murni ora jelas kok. Ehem...

    So,... koyo biasane, nek meh nimpali, cek IG Ben Genep @ben_genep. Tetap gayeng, gais.

    Sugeng listening!

    20 min
  • Selamat Datang Di Minimarket

    "Wuahh, ngelih."

    "Nanging meh makan berat kok samar kewaregen, njajal ah menyang minimarket." Buaaa, do otomatis mikir ngono ra jaman saiki? Lha, kepiye ora ngono jal, saiki minimarket ki komplet je. Yo ra, bosku? Meh nggolek klethikan lengkap, baverages yo lengkap, bumbon? Sandal? Kolor? Kondom? Wuaaa, lha mesti ono XD. Minimarket wis bukak ning ngendi-endi sisan, selot gampang do marani. Sopo wae bakal bungah nek mbukak lawang diceluk "Selamat datang, selamat berbelanja", po le iso milih blanjan sing cemepak komplit, njuk entuk kesempatan sodakoh sisan nek susuke receh tanggung kae. Sedappp!

    Dimas diajeng, ning episode iki Ben Genep meh nyonto minimarket. Nek dimas diajeng sekalian gundhah gulana, njuk krungu disapa "Selamat datang di Ben Genep", karepe kita, pendengar ki njuk mak serrrrr, estatic, salting, bingah tak terperi ngono. Atau palah njuk mengalami efek samping overdosis obat XD. Ora-ora, aman kok iki. Tapi nek meh sambat yo ditompo nggon IG @ben_genep.

    Selamat mak serrrr!

    25 min
  • Bat watuk

    Kanggo sing do ngernyitke alis lebar nonton judule. Podho, kita yo ho'o.  Ning, aman kok, iki episode e cen random kaya masa depanmu XD

    Kaya masa depanmu, ra iso kebedhek sak lengkape. Ning po meh disawang  thok? po meh ditambah dirancang? ditambah dilakoni? ditambah dievaluasi?  wes cukup? 

    Nggon episode iki, dhewe meh sambat sinambat binti urun rembug. Nduduhke  Ben Genep sing dadi bagian cilik seko sawangane dhewe tentang masa  depan. Sing mestine Dimas Diajeng pendengar sekalian ya nduwe konsep  serupa. Yo sinambi ngolet, nyrutup kopi (teh po beverages liyane yo  entuk nek do alergi kopi), karo siapke sabar (soale iki wonge do ngawur  XD), podho guneman. Lewat IG kita yo iso @ben_genep. 

    Happy midangetaken! ;D

    32 min
  • Asmara Distancing

    Walah, ndilalah gek kesengsem-kesengseme kok social distancing... Resah hati. Hhaha.. Untung wae saiki wes ana hape sing 'semart' ya, dadi tetep iso 'dekat di hati'. Auuuuu

    Episode iki dhewe ngomongke bab social distancing sing marai pasangan muda mudi berasa LDR-an. Jiaaaa. Iso dadi tren ki.

    So, setel podcast Ben Genep, yuk! Nek meh sambat yo diwelkom lho, ning IG Ben Genep @ben_genep. Niscaya, atinye njuk anyess, atau palah anyel. Hhaha

    24 min

About Ben Genep

From the publisher's feed

Halo, dimas diajeng pendengar sekalian. Ngaturke salam, kenalan ro podcast anyar Ben Genep. Ben Genep, podcast sing nyantai, random, rada mutu, tur wagu. Mbahas macem-macem, seko asmara nganti putus cinta, seko sekolahan tekan bab gawean, seko punuk unta tekan joyo boyo. Random lah, pokok e. Ora serius, tapi tulus. Ora abot, tapi nyokot. Ora kenceng, nanging gayeng.