Gemilang di Dalam Kelam Versi Jowo
Halo sedulurku… tau ora kowe ngadeg, ndhangak nang langit, ngenteni jawaban saka Tuhan? Murid-muride Yesus yo tau ngono. Bedane, wektu kuwi Tuhan Yesus tenan lagi munggah nang swarga…” 😄
Nang episode Sparks in the Dark versi boso Jowo iki, awake dhewe bakal ngobrol santai soal Kenaikane Tuhan Yesus lan janji sing ditinggalke kanggo para murid. Pas Tuhan Yesus munggah nang swarga, para murid ora langsung dikongkon mlayu lan kerja. Dheweke malah dikongkon ngenteni.
Ngenteni kuwi ora gampang. Kadhang awake dhewe yo pengin kabeh cepet cetho lan langsung ana jawaban. Nanging Tuhan ngerti yen kanggo nindakake tugas sing diwenehke, awake dhewe butuh luwih saka sekadar semangat lan kekuwatan dhewe. Awake dhewe butuh pitulungan saka Roh Suci.
Bareng sinau saka crita iki, awake dhewe bakal mikir bareng: piye carane dadi seksi Kristus nang urip saben dina, nang omah, panggonan kerja, gereja, lan tengah masyarakat. Ora kudu dadi wong sempurna. Cukup gelem mbukak ati lan dipimpin Roh Suci sethithik demi sethithik.
Mugo-mugo episode iki iso dadi pangeling yen Tuhan Yesus pancen munggah nang swarga, nangingTuhan Yesus ora ninggal awake dhewe. Roh Suci isih ana, nuntun, nguwatke, lan ngancani langkah kita saben dina.
☕ Golek wedang sek sek, lenggah sing penak, lan ayo padha ngobrol bareng.