“Kahanan fisik lan mental wong tuwa tetep urip ing turunane” “Tuntunen nom-noman marang andha Pétrus lan papanake sikilé, aja ing paling dhuwur, nanging ing sisih paling ngisor”
“Reformasi kesehatan iku sesambungan raket karo pekabaran malaikat katelu kaya dene lengen sesambungan karo badan” ”Rasul Paulus mangerteni yen Gusti Allah ngersakake supaya wong-wong Athena iki kaslametake bebarengan karo wong liyane“-
“Tarak sakjerone bab mangan kudu dipraktekke sakdurunge kowe dadi sawijining wong sing sabar” ” Karsane Gusti Yesus yakuwi supaya kita nggawa kanca-kanca kita kang ringkih marak ing ngarsaNe “
“Panganan kudu didhahar alon-alon lan kudu dimamah kanthi teliti” “Salah sawijining kabeneran sing paling mulya sing dicethakaké ana ing Kitab Suci yaiku bab rawuhé Sang Kristus sing kaping pindho”
“Ing sakndhuwure bahune ana tanggung jawab sing suci kanggo mulang anak-anake kanggo Allah” “Katresnan marang bebener lan kamursidan kudu mrentah ing jiwa, lan karakter sing disetujoni dening swarga bakal katon”
“Dheweke sing duweni blentong sakjerone tabiat, sakjerone tumindak, sakjerone pakulinan sarta panggawe kudu nggatekake pitutur lan pameleh“ ”KaluhuraNe lan kamirahaNe Gusti Allah kanyatakake paling apik ing sariraNe Sang Kristus Yesus”-
“Panguripane Dhaniel iya iku sawijining tuladha sing diilhamke ngenani apa sakbenere tabiat sing disucekake“ ”Menawa kita mikirake bab pangurbanan sarirane kang agung iku kangge kita, bakal nuwuhake manteb ing Pangandel kita”
“Pasa sing bener sing dianjurke marang kabeh wong iya iku ngedohake diri saka saben jenis panganan sing ngrangsang lan nggunaake panganan prasaja“ ” Napsu diwènèhaké marang kita kanggo tujuan sing apik, dudu kanggo dadi budhak pati kanthi kesasar”