“Ing wiji-wijian, woh-wohan, kacang-kacangan lan sayuran ana kabeh sarining panganan sing kita butuhake” “Kanthi sandhangan pesta tegese watak kang murni lan tanpa cacad sing bakal diduweni dening para pandereke sang Kristus sing sejati“
“Ing Yusuf,Dhaniel, Musa, Elisa kita duwe tuladha asil saka panguripan kanthi rancangan sing bener” “nalika kita sinau Kitab Suci lan nggegilut bab urip lan rancangan panebusan sang Kristus underan gedhe iki bakal mbukak pangerten sing luwih gedhe”
“Rasa matur nuwun , kabungahan, panggawean apik, percaya marang tresna asih lan pangrumate Allah—kabeh iki tameng kesehatan sing paling gedhe” “Mung kanthi wanuh marang Sang Kristus kita bisa wanuh marang Gusti Allah”
“Saben tumindak ing urip, sanajan mung tumindak prasaja, duwe pengaruh kanggo mbentuk tabiat” “Saben sarana sih-rahmat kudu digunakake kanthi temen-temen supaya katresnane Gusti Allah saya tambah akeh ing jiwa”
“Ora ana pakaryan sing luwih agung sing nate dipercayaake marang manungsa kejaba saka kanggo mbentuk tabiat” “Supaya Dadi muridé Sang Kristus yaiku nyingkur awake dhewe lan ngetutburi Gusti Yesus becik ing kabungahan utawa kasusahan”
“Tabiat sing becik iya iku modhal sing luwih aji ketimbang emas lan perak” “Ora preduli sapa kowe lan kepiye uripmu, kowe bisa slamet mung ing dalan sing dituduhake dening Gusti Allah”
“Guru sing wicaksana, jroning ngadhepi siswa-siswane , bakal mbudidaya kanggo nguwatke kapercayan lan rasa ngajeni” “Kabeneran Kristus, kaya mutiara ingkang putih lan murni, ora duweni cacad utawi blentong”
“wiji-wijian prasaja, woh-wohan wit, sayuran, kabeh iki ngemot unsur gizi sing diperloake kanggo nggawe getih” ”Iki minangka perkara gedhe sing paling utama- Kratoning Swarga, kasampurnane Sang Kristus“
“Weteng iku gampang banget tatu amerga akehe panganan lan omben-omben sing panas” ”Setan ngarep-arep kanggo nglibatke umat sing sisa kagungane Allah sakjerone karusakan gedhe sing bakal nempuh bumi“