“Anak-anak kudu diwulang nggunaake wektune sakbecik-becike” “pangapura iku peparing sih-rahmat saka Gusti Allah kang ngedhapi - edhapi asil saka Sih - kadarmane kang agung”
“Salah siji pengayoman sing paling aman kanggo wong mudha iya iku pakaryan sing migunani” “ Pandunga ing kitab Jabur maringi tetanggelan manawa nalika kita asung pandunga lan ngibadah, kita ora gampang nyupatani lan nyangkal pengalaman urip kita”
“Wiwit tahun-tahun sepisanan saka uripe, anak-anak kudu diwulang kanggo nglaksanaake bagiane sakjerone pakaryan bale wisma” “Sih-welase Gusti Allah diparingake ora mung kangge Israel nanging uga kangge marang sekabehaning titah”
“Ngopeni badan tetep sehat supaya kabeh organ miguna teratur kudu dadi sawijining pasinaon ing penguripan kita” “Juru mazmur nuduhake kesabarane Gusti Allah kang tanpa winirasa sarta kawicaksanan, lan kasektene Gusti Allah kang tanpa winates”
“Menawa bener-bener diatur, pakaryan kesehatan iya iku mujudake sawijinng baji kanggo nyigar, mbuka dalan kanggo kabeneran liyane kanggo nggayuh ati” ” Sang juru Mazmur percaya marang pangreksane sih-katrisnane Allah“
“Akeh kang salah njlentehake reformasi kesehatan, lan wis nampa gagasan sesat babagan apa kang mujudake urip sing bener” ”Kitab Jabur sejatine nuntun kita kangge netepi "pengandhel" marang panebusing Allah“
“Dadekna uripe anak-anakmu iku nyenengake, lan ing wektu sing padha wulangen dheweke supaya dadi miturut lan jurupitulung” - “Kayadene Gusti Allah mirsani sakabehe babagan panguripan kita, Gusti Allah bisa mbiyantu lan mulihake kita kabeh“
“Panguripan Kristen kuwi sawijining panguripan sing dikebaki dening pnyingkuran diri lan pengendhalenan diri sing ora kendat” - “Pangandel yaiku pilihan kang disengaja kangge ngakoni GUSTI ALLAH menggahing panguripan pawongan ing kabeh kahanan“
“Maangan, ngombe lan nyandhang, kabeh ngawa pengaruh langsung marang kemajuan kerohanen kita” ”Suwantenipun Gusti Allah ingkang ngendika dhumateng kita“