“Mangan lan ngombe ora teratur, nyandhang kanthi ora pantes, ngasorke pemikiran lan ngregeti ati, lan uga njajah sipat jiwa sing agung” ” Satemene Gusti Allah iku becik tumrap wong kang tulus atine, lan kang resik atine“
“Pemanjaan diri ngalang-alangi manungsa kanggo nyaksekake kabeneran” ”Menawa kita nresnani Gusti Allah, kita tansah maca SabdaNe, dedunga lan kita tansah mituhu sekabehaning pepakon-pepakone,lan kita uga ngestokake marang pangandikan-Ipun
“Antioksidan ing panganan lan tanduran sing asifat neuroprotektif bisa nyingkiri arteriosclerosis lan njaga arteri resik” “kita mbutuhake pengalaman pribadi Karo Gusti Allah sakdurunge kita andum bab iku marang wong liya”-
“Wulangen anak anakmu Nyenengi Karesikan Lan Nyengiti Rereget” “Sabdaning Gusti Allah maringaken samukawis cara ingkang ampuh tumrap pawiatan, ugi tuking ilmu ingkang paling aji“
“Piwulang sing sepisan anak kudune ngenali awake dhewe lan kepiye carane njaga awake sakjerone kahanan sehat” “Gusti Allah ora rena manawa ana ing antarane umat sing wis ngerti kekuwatan sih-rahmat-Ipun ndadak ngucapake rasa mangu-mangu“
“Para ibu wulangen anak-anakmu wiwit saka cilik ora oleh nganggep kabeh samubarang sing ana ing omah iku barang-barang dolanan kanggo dheweke” “Wong-wong sing ngaku duweni kabeneran kudu mratobat, utawa bakal tumiba dina pacoban“
“Wong tuwa nindakake kesalahan sing gedhe tumrap anak-anake menawa dheweke ngumbar anak-anak iku jerit-jerit” “Ora ana sing luwih mbebayani tinimbang kaculikan dosa“