“Tugas kaum ibu kanggo ngembangake pikiranne lan njaga supaya atine tetep suci” - ”Sih katresnané Gusti Yesus Kristus yaiku kangge sakabehing jalma manungsa“
“Tryptophan mujudake zat kimia kang wigati jroning otak migunani kanggo bagyamulya lan relaksasi” “ Bab-bab sing langgeng kudu nggugah minat kita lan kudu dianggep wigati banget dibandhingake karo barang-barang kadonyan”
“wiji-wijian, woh-wohan, lan sayuran ngemot kabeh unsur nutrisi sing dibutuhake kanggo nggawe getih kualitas duwur” “Menawa kita nindakake mangan lan ngombé kang ngurangi kakuwatan jasmani lan rohani mila kita ora ngajeni Gusti Allah”
“Mratobata ing ngarsane Allah awit kabeh kalirwanmu jroning tugas dadi juruwulang Injil ing bale wismamu” “Ing dina jumenengane Sang Kristus Panjenengane ora bakal ngakoni minangka kagungane sapa wae sing duwe cacad utawa kerut”
“Para wong tuwa ora bisa nglaksanaake tanggung jawab kanthi sakpatute kejaba dheweke ndadekake Sabdane Allah dadi pepakon uripe” “Nalika padha makarya lan ndedonga ing asmane Sang Kristus, cacahe wong-wong mau bakal tambah akeh”
“Para wong tuwa sakiki kudu ngupayakake kabeh kekuwatane nebus kalirwane lan mapanake anake ing ngendi bakal ana ing ngisore pengaruh sing paling becik” “ Saben kita duwe pakaryan kanggo nyawisake prastawa gedhe sing kabeber ing ngarep kita”
“Pendhidhikan ora bakal bisa ngrampungake kabeh sing bisa lan kudu ditindakake nganti wigatine pakaryane wong tuwa disadhari kanthi sakwutuhe” “Gusti Allah tansah paring piweling marang manungsa bab pangadilan sing bakal teka”
“Kita ora mung nyritaake marang anak iku ngenani kewan titahan Allah. Kewan-kewan iku dhewe kudu dadi gurune” “sawetara wong percaya kanthi ati lan jiwane yen kita duwe neraka kanggo disingkiri lan swarga kanggo dimenangake.”
“Kasarasan kang komplit nyakup kasarasan psikologis lan karohanen” “Tumrap wong kang ndadekake jagad iki panggonane, dinane Gusti Allah bakal tumeka kaya jiret”