Pod-kosan 69

Pod-kosan 69

By Kanal BBJEducationCourses
Download on the App Store

All Pod-kosan 69 episodes

  • Mbabar Surat Maryam : Ayat 1-15
    Edisi episode “bonus” kali ini ganti sing rada serius sithik, nggih. Yaiku mbabar Surat Maryam ingkang badhe dipun andharaken kaliyan Nyai Umu Latifah lan Romo Indra Agusta kanthi kalih perspektif inggih menika Islam lan Kristen. Part ingkang kapisan puniki bakal mbabar ayat setunggal dumugi ayat gangsal welas ingkang nyariosaken babagan Nabi Zakariya AS lan Nabi Yahya AS. Mugi manpangati. Rahayu.
    53 min
  • Èdisi Romadlon 2020 : Pasa lan Lêlaku
    Episode puniki ingkang ngisi inggih menika Kangmas Aryo Nugroho utawi Kyai Dhadhap Tulak saking Tulungagung. Ingkang diandharake inggih menika babagan pasa lan lelaku kanthi basa ingkang gampil ditampi. Mugi saged manpangati. Rahayu.
    26 min
  • Èdisi Romadlon 2020 : Antaraning Pasa, Ngêmpêt, Lan Kangên
    Pasa kuwi raket lawan ingkang aranipun ngempet punapa kemawon ingkang saged mbatalaken pasa. Ananging, merga lelampahan “ngempet” punika, sing jenenge pasa kuwi uga ora bisa dipisahna karo anane jarak/sekat kang njalari ruang-ruang sunyi kang ngreridhu ati. Salah sijine, ya, rasa kangen marang kanca, keluwarga, jaman-jaman lawas, lan isa wae uga kangen karo dhekne. Wis, pokoke, mugi episode iki manpangati uga mbarokahi kangge sedaya ingkang mirengaken. Wassalamu'alaikum.
    15 min
  • Èdisi Romadlon 2020 : Kitab-Kitab Pas Jaman Nèng Madrasah
    Arek enom terutama sing agamane islam kayane wis padha tau ngrasakne nyantri, ya, paling ora mung nyantri pas pesantren kilat. Masia kitab sing dibahas kangmas Kukuh iki ora ana neng materi pesantren kilat paling ora isa gawe awakmu ngerti kitab apa sing biasane digunakke neng madrasah, TPQ, utawi pesantren tahap dasar. Sugeng mirengake. Mugi manpangat
    14 min
  • Èdisi Romadlon 2020 : Sing Ngangêni Saka Magêlang
    Magelang sing ana sak ngisore gunung Damalung punika kathah sanget ingkang saged damel jumbuhing rasa kapang sajroning dhadha. Lha, salah satunggale nggih sholawatan Jawa. Muga kirimanipun kakang kula, Priyo Nugroho punika saged dados tamba kapang marang lemah Kedhu.
    8 min