Banyak kalangan yang menyebut syiir tanpo waton (tidak asal-asalan) adalah syiir Gus Dur, bahkan ada yang menganggap syiir ini merupakan gubahan Gus Dur. Padahal syiir yang mengandung sarat makna ketika didendangkan dan diresapi ini adalah karya KH. Moh. Nizam As-Sofa atau sering dipanggil Gus Nizam, pengasuh Pondok Pesantren Ahlus Shofa wal Wafa, Wonoayu Kabupaten Sidoarjo. Beliau merupakan cucu KH. Sahlan, seorang ulama besar dari Krian dengan amalan-amalan wirid tarekat. Memang ketika mendendangkan syiir gubahannya, suara Gus Nizam sangat mirip dengan suara Gus Dur, sehingga banyak yang mengira syiirnya adalah karya Gus Dur.
Teks lengkap Syiir Tanpo Waton adalah sebagai berikut.
اَسْتَغْفِرُالله رَبَّ الْبَرَايَا # اَسْتَغْفِرُ الله مِنَ الْخَطَايَا
رَبِّ زِدْنِيْ عِلْمًا نَافِعًا # وَوَفِّقْنِيْ عَمَلًا صَالِحًا
يَا رَسُوْلَ الله سَلاَمٌ عَلَيْك # يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ
عَطْفَةً يَاجِيْرَةَ الْعَلَمِ # يَا اُهَيْلَ الْجُوْدِ وَالْكَرَمِ
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran # Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan # Rino wengine tanpo pitungan
Duh bolo konco priyo wanito # Ojo mung ngaji syare’at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco # Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal Qur’an hadise # Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe ndak digatekke # Yen isih kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro # Ing pepaese gebyare donyo
Iri lan meri sugihe tonggo # Mulo atine peteng lan nisto
Ayo sedulur jo nglaleake # Wajibe ngaji sa’pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide # Baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh bagus atine # Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqat lan ma’rifate # Ugo haqiqot manjing rasane
Al-Qur’an qodim wahyu minulyo # Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito # Den tancepaken ing jero dodo
Kumantil ati lan pikiran # Mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mukjizat Rosul dadi pedoman # Minongko dalan manjinge iman
Kelawan Alloh kang moho suci # Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhahi # Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem rumongso aman # Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo nadjan pas-pasan # Kebeh tinakdir saking pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo # Kang podo rukun ojo dursilo
Iku sunnahe rosul kang mulyo # Nabi Muhammad panutan kito
Ayo nglakoni sekabahane # Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dzohire # Ananging mulyo maqom drajate
Lamun palastro ing pungkasane # Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh swargo manggone # Utuh mayite ugo ulese
يَا رَسُوْلَ الله سَلاَمٌ عَلَيْك # يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ
عَطْفَةً يَاجِيْرَةَ الْعَلَمِ # يَا اُهَيْلَ الْجُوْدِ وَالْكَرَمِ
---
Support this podcast: https://anchor.fm/andarula/support